Rabu, 13 April 2011

Welinge Wong Tuwa

Welinge Wong Tuwa

Ngger,mumpung isih dawa jangkahe
mumpung gedhe rembulane
dioyak lakumu,gumregah tumandang gawe
nyingkirake reregetan lan pepeteng

ngger,mumpung wong tuwamu isih ana
lan bisa nyawang dawane lakon
bisoa gawe bombonge ati
kang tumancep jero

ngger,anakku
aja melu nyeblok ing perkara kang nistha
aja nganti kejegur ing sumur lumpur
wusana wurung ing panjangkamu

ngger,anakku
wong atuwamu pingin meruhi
sliramu nyandhang kamulyaning urip

aja nganti,gawe tangise batin
aja nganti,ngguratake lakon kang cidra
mulo ngger,estokna wong tuwamu
kareben bisa jumbuh ing pandongane wong tuwa

Tidak ada komentar:

Posting Komentar