Rabu, 13 April 2011

Asal Mulane Jeneng Wonosobo

Tema : kabudayan
jenis : legenda

Jeneng wonosobo,miturut gathuking para winasis saka tembung "wono" lan "sobo",wono tegese alas,dene sobo tegese pasaban/kunjungan.Saengga wonosobo tegese,alas kang kanggo pasaban/kunjungan.

Mulo saka kuwi ora nggumunake menawa kutha wonosobo saiki dadi sawijining papan tujuwan uwong amarga alame kang endah hawane sumikir anyep luwih-luwih nyanding ananeng gunung gedhe yakuwi gunung sumbing.Gunung sindoro,gunung pakuwaja lan gunung kendhil ing tlatah dieng.

Ana uwong telu kang minangka sesepuhe wonosobo nalika wiwitan bubak,yakuwi kyai walik,kyai kolodite,lan kyai karim.Sekitar abad 17 nalika panguwasane mataram islam maju,ya wong telu mau kang miwiti mbukak alas kanggo papan ngeyop sakkitare wonosobo.Kyai kolodite mapan ing ereng-erenge gunung dieng,kyai karim mapan ing kalibeber dene kyai walik mapan ing sakkitare kutha wonosobo sakiki.Wiwit saka kuwi wonosobo tambah rame lan ketelu sesepuh mau minangja "cikal bakal" madege wonosobo saiki iki.

Nalika semana,kyai walik arep nandur uwit sawo piyambake ngendika,"cuhung ing kene mbesuk dadi papane wong kang duraka"mula saiki kabukten papan kang urip tanduran sawo dadi papan pakunjaran utawa LP wonosobo.Nalika kyai walik nandur ringin walik (wit ringin kang godhonge kuwalik)piyambake ngendika,"cuhung ing kene mbesok dadi papan sobo lan kanggo olah kanuragan"kanyatan saiki papan kuwi dadi paseban lan olah raga,saiki jenenge alun-alun.

Wektu kuwi ugo kyai kolodite ngendika"rejane wonosobo mbesuk yen ana bedhahe tlaga menjer lan ana wader mangan manggar" kasunyatan,bedhahe menjer mengku teges dibedhah kanggo PLTA menjer,dene ana wader mangan manggar padha karo iwak mangan manggar (kembang klapa) kasunyatane ing laladan kecamatan wadaslintang nalika kuwi dibangun wadhuk utawa bendungan kanggo PLTA uga.Banjur tanduran klapa kang wis gedhe-gedhe padha klelep amargo kanggo proyek bendungan mau.Cethane,apa kang dingendikakake wong telu winasis mau ana benere lan kasunyatan.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar